Selasa, 21 Mei 2019

Soal Ulangan Harian Bahasa Daerah


ULANGAN HARIAN KE  1
SEMESTER GENAP
SDNPASRUJAMBE 09
KECAMATAN PASRUJAMBE

Mata Pelajaran                  :     Bahasa Jawa                          Nama  : .............................
Hari / tanggal                     :     ....                                            No       : .............................
Kelas / Semester               :     V / II                                         SD       : .............................

Waktu                                :     ...                                             Nilai     : .............................

Pandhawa

             Pandhawa iku cacahe ana lima, mula terus diarani Pandhawa lima. Yudhistira minangka pambarepe Pandhawa, kang duwe watak ambek darma lan nrima ing pandum, adoh saka hawa nefsu. Sing nomer loro arane Raden Werkudara utawa Bima. Pawakane gedhe dhuwur tur gagah prakosa. Kang nomer telu utawa panengahe Pandhawa jenenge Raden Janaka kondhang baguse, prigel lan trampil manah. Dene Nakula lan Sadewa mujudage satriya kembar wuragile Pandhawa.
             Pandhawa lima mujudage satriya kang anduweni watak utama, ambeg darma, lan luhur bebudene. Wiwit cilik mula wus katon luhuring budi. Seneng welas marang wong cilik, lan seneng tetulung marang wong kang nandhang sangsara.

I.     Wenehana tandha ping ( X ) ing aksara a, b, c, utawa d kang dadi wangsulan kang kok paling bener!
1.    Pandhawa cacahe ana   ....
        a. lima                            b.  enem                                c.   Pitu                                   d.  wolu
2.    Pambarepe Pandhawa yaiku .....
        a. Nakula                       b.  Janaka.                             c.   Yudhistira                       d.  Werkudara
3.    Kang sinebut satriya kembar saka Pandhawa yaiku  ....
        a. Karna lan Sadewa                                                   c.   Narayana lan Sadewa         
        b. Nakula lan Sadewa                                                d.  Nakula lan Dewa.
4.    Ibu Guru      :   “Kowe mau bubar mangan apa Rin?”
        Rini                 :   “..........................................................”
        Wangsulane Rini kang bener yaiku .... 
        a. Kala wau bubar dhahar kwaci                             c.  Aku mau bubar nedha kwaci                           
        b. Aku mau mangan kwaci                                       d. Kula wau bibar nedda kwaci
5.    Pokal gawene manungsa ing ngisor iki kang bisa ndadekake rusaking lingkungan kajaba  ....
        a. Mbuwang sampah ing papan sampah              c.  Nggolek iwak nganggo racun                           
        b. Mbuwang limbah ing kali                                    d. Negori wit-witan

II.     Isenana ceceg-ceceg ing ngisor iki nganggo tembung sing mathuk!
6.    Pandhawa lima mujudake satriya kang duweni watak ....  
7.    Sing nyambut gawe padha guyup  ....
8.    Alas kang dibabati bakal nuwuhake  ....   
9.    Para warga padha gugur gunung. Gugur gunung tegese  ....
10.  Suradi kerep mbolos, mulane Suradi dadi ....
11.  Panengahe Pandhawa yaiku ....
12.  Yen wayah bengi katon       ....      kang abyor endah yen sinawang
13.  Cindhe Laras, Bawang Abang Bawang Putih kalebu ....
14.  Tembung sing meh padha tegese dienggo bebarengan diarani ....
15.  ?guyupR|kun\. Tulisan jawa iku yen ditulis latin   ....      
III.    Wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
16.  Tulisen 3 wae piranti kanggo omong-omongan!
17.  Apa wae kang nuwuhake banjir?
18.Tulisen aksara latin ing ngisor iki nganggo aksara jawa!
        “Suradi”
19.  Apa kang diarani “Reboisasi”?
20.  Gaweya ukara saka tembung ing ngisor iki!
        a.  Kretek          b.   Tresna asih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Soal Remidi

Kerjakan remidi berikut Waktu 3 menit ya... terdiri dari 5 pertanyaan Agar mencapai nilai tuntas, nilai harus diatas 80 Selamat mengerjak...